span.fullpost {display:none;}

Saturday, April 08, 2006

CINTAKU


UNTUK SEMENTARA TULISAN MENYUSUL AJA

Wolu pertondo de’e soulmate’e koen

Wong loro sing atine podo ngroso jodone, mestine ngroso nduwe ikatan jiwo lan rogo loro-lorone. Mung ndelok matane lan krungu sworone, mesti ngrasakne getaran ati lan karepe kepengin bareng salawase. Bener opo ora?

terus, opo ono tondo liyane supoyo wong iyo iso ngrasake yen de’e jodoh (soulmate) ambe aku opo ora?

Tandane kaping pisan
Rahasiane wong sing jodo lan iso nduweni umur sing lnggeng lan dowo mestine nduwe roso bebareng. Awakmu lan de’e mesti tulung-tinulung, mesio iku urusan cilik lan gede. Sing penting wong loro iku mau iso ngelakoni urip tanpo nggerutu. Lan kabeh iku di lakone kroso seneng kejobo ono wong liyo sing ngewangi.
Opo kowe wis nrasakno perkoro iku mau? Yen iyo, selamat... mergo ono peuang yen de’e iku calon pasangn uripmu!

Tandane sing keloro
Salah sijining syarat sing nentuk’no matuk lan orane de’e bakalan dadi jodone awakmu utowo ora yoiku iso ngelakoni urip priyatin neng. Bukti’no saiki, opo lelakune, sandangane, model rambute, lan carane ngguyu iku nggarai kesengsem awakmu opo ora? Olehe ngomong iku digawe-gawe opo opo? Yen ora, ngapunten yen de’e iku dudu pasangan uripmu!

Tandane sing ketelu
Ono nestapa batin sing ngarahi atimu lan pasanganmu saget ndamel podo ngertine. Lan ugi awakmu utowo de’e saget moco kareping pikiranm lan nebak reaksine lan perasaane siji lan liyone nde kahanan tertentu. Selamat! Sejatine de’e iku sigaring jiwa uripmu nde dunyo...

Tetanda sing kapapat
Bebarengan terus ambe de’e isi ngarahi atimu dadi ayem tentrem., selesa (lego) lan tanpo ono perasaan sing kepekso. Mesio pirang jam ae bareng ambe de’e, saben wayah lan saben ndino tansah ngarahi ngeroso bosen... lek tondo sing iki, kemungkinan awakmu jodo ambe de’e lan iso terikat selawase.

Tetanda sing kelimo
De’e mesti ono terus nde cedekmu neng kahanan op ae. Lan de’e mesti ngerteni kahanan neng atimu neng seneng utowo susah. Percoyo’o pasangan sing bakalan jodo mestine ora wedi ngadepi pasang-surute kahanan, seneng susah di adepi bareng-bareng, eling-elingono maneh. Opo de’e wong sing mesti teko nomer siji yen awakmu butuk tetulungan lan kena musibah? De’e mesti ngerteni yen lagi uring-uringan? De’e ngerti kahanan wayahe awakmu loro? En iyo, ora salah maneh, yen de’e iku jodomu...

Tetanda sing ke enem
De’e gak sepiro ngreken ambe kejadian sing uwis-uwis keluargamu, de’e yo ora peduli ambe kisah uripmu ambe gandenganmu sing ndisik. De’e ora isin-isin ncerita’no kisah uripe de’e….yen wis iku, berate de’e wis sreg lan nerimo kowe opo ono’e

Tetanda sing kepitu
Saben wong mesti nduweni kurangan, lan koen ora isin-isin meruhi ambe de’e. Malahan, mesio ketok elek pas nde ngarepmu, misale pas tangi turu utawo pas loro lan ora adus rong dino. Utawane de’e ncerita’ne jujur-jujuran ambe koen kelemahanne de’e... wis! Koen lan de’e jelas arepe dadi pasangan sing di kersane Gusti Allah!

Sing terahir
Yen ngroso rahasiane koen iso luwih slamet dhok tangane ketimbang ndek tangan konco-koncomu liyane. Utowo ngroso wis gak iso nyimpen rahasia maneh teko dhe’e, wis ta lah senengo. amergo iki berarti pasangan sejati wis koen temukno!


Opo wis di tmukno kewolu tetanda iku neng pasanganmu, yen uwis berarti yo iku jodomu?

selamat membuktikan!